3 Panjenengane nuli lumebet ing kamar njero. Sakaning temboke banjur kaukur: kandele rong asta, dene ambane lawange dhewe: enem asta, tuwin tembok ing sandhinge ing sisih kene pitung asta, ing sisih kanane pitung asta.
4 Tumuli ngukur kamar njero mau, dawane rong puluh asta, ambane rong puluh asta padha karo ambane bangsal gedhe. Aku nuli dipangandikani mangkene: “Iki papan Sucining Suci.”
5 Panjenengane banjur ngukur tembok ing Padaleman Suci iku: kandele enem asta lan ambane kamar tambahan kang tinemu ing sakubenge Padaleman Suci mau, patang asta.
6 Kamar-kamar tambahan iki sungsun telu lan saben larik kamare telung-puluh. Ing sakubenge Padaleman Suci temboke ana lowah-lowahane kang diedegi kamar-kamar tambahan mau, supaya padha dadi santosa, amarga kamar-kamar mau ora digandheng karo temboking Padaleman Suci.
7 Sabanjure kamar-kamar tambahan mau wiwit ing larikan ngisor nganti larikan kang katelu, saya gedhe saya gedhe, laras karo lowah-lowahane kang saya munggah iya saya amba ana ing larikan ing dhuwur ngliwati larikan tengah.
8 Ing sapandelengku dhasaring Padaleman Suci luwih dhuwur tinimbang ing sakubenge. Dhasaring kamar-kamar tambahan iku ukurane sateken trep, dadi dhuwure enem asta.
9 Kamar tambahan iku temboke sing njaba kandele limang asta, peranganing dhasare Padaleman Suci kang ora ana apa-apane iku ambane limang asta. Ing antarane dhasare gedhong-gedhong lan