7 Sabanjure kamar-kamar tambahan mau wiwit ing larikan ngisor nganti larikan kang katelu, saya gedhe saya gedhe, laras karo lowah-lowahane kang saya munggah iya saya amba ana ing larikan ing dhuwur ngliwati larikan tengah.
8 Ing sapandelengku dhasaring Padaleman Suci luwih dhuwur tinimbang ing sakubenge. Dhasaring kamar-kamar tambahan iku ukurane sateken trep, dadi dhuwure enem asta.
9 Kamar tambahan iku temboke sing njaba kandele limang asta, peranganing dhasare Padaleman Suci kang ora ana apa-apane iku ambane limang asta. Ing antarane dhasare gedhong-gedhong lan
10 kamar-kamar lete rong puluh asta, iku ing sakubenge Padaleman Suci kabeh.
11 Lan lawang-lawang ing kamar tambahan, kang metune anjog ing perangan kang ora kanggo apa-apa mau, siji ana ing sisih kidul. Dene ambane papan kang ora kanggo apa-apa iku limang asta mubeng.
12 Gedhong kang dumunung ana ing plataran tutupan ing sisih kulon ambane pitung puluh asta, dene temboke mubeng kandele limang asta lan dawane sangang puluh asta.
13 Panjenengane nuli ngukur Padaleman Suci mau: dawane satus asta, dene plataran tutupan karo gedhonge lan temboke uga satus asta;