1 Aku banjur kabekta menyang ing gapura, yaiku gapura kang marep mangetan.
2 Lah kamulyaning Allahe Israel rawuh saka ing wetan banjur keprungu swara kaya kumrasaking grojogan lan bumi katon mencorong marga saka kamulyane.
3 Kang dakdeleng nalika Sang Yehuwah rawuh prelu nyirnakake kutha iku lan kaya kang dakdeleng ana ing pinggiring kali Kebar, mulane aku banjur sujud.
4 Nalika kamulyaning Sang Yehuwah lumebet ing Padaleman Suci, nglangkungi gapura kang marep mangetan.