2 Lah kamulyaning Allahe Israel rawuh saka ing wetan banjur keprungu swara kaya kumrasaking grojogan lan bumi katon mencorong marga saka kamulyane.
3 Kang dakdeleng nalika Sang Yehuwah rawuh prelu nyirnakake kutha iku lan kaya kang dakdeleng ana ing pinggiring kali Kebar, mulane aku banjur sujud.
4 Nalika kamulyaning Sang Yehuwah lumebet ing Padaleman Suci, nglangkungi gapura kang marep mangetan.
5 Sang Roh mau tumuli njunjung aku lan mbekta aku menyang ing plataran njero, lah, Padaleman Suci iku kapenuhan ing kamulyaning Sang Yehuwah.
6 Aku banjur krungu Panjenengane mangandikani aku saka ing sajroning Padaleman Suci -- priya kang ngukur Padaleman Suci mau jumeneng ing sandhingku --
7 mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “He, anaking manungsa, iku dhamparingSun lan papaning tlapakaningSun; Ingsun bakal dedalem ana ing kene ana ing satengahing wong Israel, ing salawas-lawase sarta turune Israel ora bakal najisake maneh asmaningSun kang suci, iya wong-wong iku kabeh, iya para rajane, kalawan anggone laku jina utawa kalawan mayite para rajane kang wis padha mati;
8 uga ora kalawan mrenahake tlundhaging lawange cedhak ing tlundhaging lawangingSun utawa ngedegake saka-sakaning lawange cedhak ing saka-sakaning lawangingSun, nganti mung tembok kang misahake Ingsun lan wong-wong mau. Anggone najisake asmaningSun kang suci kalawan tingkah-polahe kang nistha, mulane marga saka dukaningSun banjur Suntumpes.