Yeheskiel 43:7-13 JAV

7 mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “He, anaking manungsa, iku dhamparingSun lan papaning tlapakaningSun; Ingsun bakal dedalem ana ing kene ana ing satengahing wong Israel, ing salawas-lawase sarta turune Israel ora bakal najisake maneh asmaningSun kang suci, iya wong-wong iku kabeh, iya para rajane, kalawan anggone laku jina utawa kalawan mayite para rajane kang wis padha mati;

8 uga ora kalawan mrenahake tlundhaging lawange cedhak ing tlundhaging lawangingSun utawa ngedegake saka-sakaning lawange cedhak ing saka-sakaning lawangingSun, nganti mung tembok kang misahake Ingsun lan wong-wong mau. Anggone najisake asmaningSun kang suci kalawan tingkah-polahe kang nistha, mulane marga saka dukaningSun banjur Suntumpes.

9 Saiki bakal padha ngedohake anggone ora setya lan mayite para rajane saka ing ngarsaningSun, tuwin Ingsun bakal dedalem ana ing satengahe ing salawas-lawase.

10 Anadene sira, he, anaking manungsa, sira nerangna marang turune Israel bab Padaleman Suci iki, supaya padha wirang nyumurupi kaluputan-kaluputane; uga bab wujude lan tata-rakite Padaleman Suci iku.

11 Dene manawa padha rumangsa wirang nyumurupi samubarang kabeh kang katindakake, Padaleman Suci iku gambaren, perang-perangane, lawang-lawange metu lan lawang-lawange lumebu sarta wujud-wujude kabeh; padha sira sumurupna marang sakehing pranatane lan angger-anggere sarta iku tulisen ana ing ngarepe, supaya banjur padha nglakoni sakehing angger-anggere lan pranatane kalawan setya.

12 Iki katemtuane tumrap Padaleman Suci iku: wilayah ing pucaking gunung iku kabeh suci linuwih. Lah yaiki katemtuan tumrap Padaleman Suci iku.”

13 Iki ukuran-ukuraning misbyah nganggo ukuran asta, yaiku asta kang dawane padha karo asta lumrah katambahan satebah: kalene jerone saasta, ambane saasta sarta ing sakubenge kalen mau pinggirane dhuwure satebah. Iki dhuwure misbyah iku: