15 Nanging para imam, wong Lewi turune Zadhok, kang nindakake kawajiban-kawajiban ana ing pasuceningSun, nalika wong Israel padha mblasar nilar Ingsun, iya para wong iku kang bakal sowan ing ngarsaningSun prelu ngunjukake marang Ingsun gajih lan getih. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
16 Wong-wong iku kang bakal sowan ing ngarsaningSun prelu nindakake pangibadah lan kang bakal nindakake kawajibane kagem Ingsun.
17 Manawa para imam arep lumebu ngliwati gapura-gapura plataran njero, kudu manganggo sandhangan lena, ora kena manganggo sandhangan wulu wedhus yen pinuju nindakake kawajiban ana ing gapura-gapura ing plataran njero utawa pinuju nindakake tata-pangibadah ana ing Padaleman Suci.
18 Kudu nganggo serban lena lan clana lena sarta aja nganti nganggo sabuk kang marakake kringeten.
19 Manawa metu menyang ing plataran njaba nemoni umat kagungane Sang Yehuwah, kudu cucul sandhangane kang dianggo nalika nindakake pangibadah, iku kudu kasimpen ing kamar-kamar suci, banjur nganggo sandhangan liyane, supaya umat iku aja dadi suci amarga kagepok dening sandhangan mau.
20 Ora kena gundhul nanging iya ora kena gondrong, kudu diingu cendhak!
21 Para imam ora kena ngombe anggur, manawa arep lumebu ing plataran njero.