1 “Manawa sira padha mbage-mbage nagara iku dadi tanah-pusakanira kanthi patrap kaundhi, sira mligekna saperanganing tanah iku dadi pisungsung mligi kang suci kagem Sang Yehuwah, dawane salawe ewu asta lan ambane rong puluh ewu asta. Tanah kang ana ing jerone wates iki kabeh iku suci.
2 Tanah iku anaa kang kasadhiyakake kanggo pasucen, wujude pesagi papat, dawane lan ambane nglimang atus asta lan ing sakubenge anaa lowahane kang ambane seket asta.
3 Ing tanah kang wus kaukur mau sira ngukura saperangan kang dawane salawe ewu asta lan ambane sapuluh ewu asta: iya ing kono iku dununge pasucen tuwin perangan iki Sucining Suci.
4 Iki perangan kang suci tumrap tanah iku lan dadi papaning para imam kang nindakake tata-pangibadah ing pasucen, kang padha sowan leladi marang Sang Yehuwah. Iku papan pomahane para imam lan dadi wewengkon suci tumrap ing pasucen.
5 Kang dawane salawe ewu asta lan ambane sapuluh ewu asta iku dadi darbeke wong-wong Lewi kang kawajibane leladi ana ing Padaleman Suci; iku kutha-kuthane, papan panggonane.