10 Wus sapantese manawa sira migunakake timbangan kang bener, efa kang bener lan bat kang bener.
11 Wus sapantese manawa efa lan bat iku takerane padha, dadi sa-bat isine saprasapuluh homer lan sa-efa uga saprasapuluh homer. Dadi takeran-takeran iku ngenut homer.
12 Tumrap sira kabeh wus sapantese manawa sa-syikal iku padha karo rong puluh gera, limang syikal iya limang syikal, lan sapuluh syikal iya sapuluh syikal, lan seket syikal iku ana sa-mina.
13 Iki sesaosan mligi kang kudu padha sira unjukake: sapranem efa saka gandum sa-homer lan sapranem efa saka sair sa-homer.
14 Anadene katetepane tumrap lenga mangkene: saprasapuluh bat saka sa-kor; sa-kor iku padha karo sapuluh bat.
15 Saben cempe wedhus gembel rong atus duweke brayat siji kajupuk siji. Iku kabeh kanggo kurban dhaharan lan kurban obaran sarta kurban kaslametan kanggo nganakake pirukun tumrap wong-wong mau. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
16 Kabeh pendhudhuk nagara kudu ngunjukake pisungsung mligi marang raja Israel.