4 Kurban obaran kang kudu kacaosake dening ratu marang Sang Yehuwah ing dina Sabat iku, wedhus gembel enem kang tanpa cacad lan wedhus gembel lanang siji kang tanpa cacad.
5 Kurban dhaharan kang awujud wedhus gembel lanang iku kudu kaolah kalawan glepung sa-efa, dene kurban dhaharan kang awujud wedhus-wedhus gembel liyane, iku gumantung karo kakuwatane, lan lenga sa-hin kanggo sa-efa.
6 Ing sasi anyar kudu kapisungsungake sapi lanang enom siji kang tanpa cacad, sarta wedhus gembel enem lan wedhus gembel lanang siji kang tanpa cacad.
7 Kanggo kurban dhaharan, raja kudu nyawisake glepung sa-efa kalawan sapi siji lan glepung sa-efa kalawan wedhus gembel lanang siji, dene kurban dhaharan kang awujud wedhus-wedhus gembel liyane gumantung kakuwatane, sarta lenga sa-hin kanggo sa-efa.
8 Manawa ratu arep lumebu iku anggone lumebu kudu ngliwati bangsaling gapura lan metune uga saka ing kono.
9 Nanging manawa para wong ing nagara, ing dina-dina pahargyan mau padha nglumpuk ana ing ngarsane Sang Yehuwah, kang lumebu ngliwati gapura lor sumedya melu sujud nyembah, metune liwata ing gapura kidul, dene kang lumebune ngliwati gapura kidul, metune liwata ing gapura lor. Aja ana wong kang metune liwat ing gapura kang mau diwetoni nalika lumebune, dadi saben wong metune liwata ing gapura kang ana ing ngarepe.
10 Anadene ratu iku mlebu metune bareng karo wong-wong mau.