Yeheskiel 46:8-14 JAV

8 Manawa ratu arep lumebu iku anggone lumebu kudu ngliwati bangsaling gapura lan metune uga saka ing kono.

9 Nanging manawa para wong ing nagara, ing dina-dina pahargyan mau padha nglumpuk ana ing ngarsane Sang Yehuwah, kang lumebu ngliwati gapura lor sumedya melu sujud nyembah, metune liwata ing gapura kidul, dene kang lumebune ngliwati gapura kidul, metune liwata ing gapura lor. Aja ana wong kang metune liwat ing gapura kang mau diwetoni nalika lumebune, dadi saben wong metune liwata ing gapura kang ana ing ngarepe.

10 Anadene ratu iku mlebu metune bareng karo wong-wong mau.

11 Ing dina-dina gedhe lan ing dina pahargyan-pahargyan kang tetep, kudu ana kurban dhaharan; yaitu glepung sa-efa diolah kalawan sapi lanang siji tuwin glepung sa-efa diolah kalawan wedhus gembel lanang siji, dene kurban dhaharan kang awujud wedhus-wedhus gembel liyane iku gumantung kakuwatane, sarta lenga sa-hin kanggo sa-efa.

12 Manawa ratu nyawisake kurban obaran manasuka utawa kurban kaslametan manasuka kagem Sang Yehuwah, iku kawenganana gapura ing sisih wetan tuwin ratu mau banjur bakal ngunjukake kurbane obaran lan kurbane kaslametan iku kayadene kang katindakake ing dina Sabat. Sawuse mangkono banjur metu lan gapurane nuli kudu kaineb.

13 Saben dina dheweke kudu nyawisake wedhus gembel kang umur sataun kang tanpa cacad kanggo kurban obaran kagem Sang Yehuwah; iku kudu katindakake saben esuk.

14 Kajaba iku saben esuk kudu ngunjukake kurban dhaharan glepung sapranem efa kalawan lenga sapratelon hin kanggo nyampuri glepung kang becik dhewe mau; iku kurban dhaharan kagem Sang Yehuwah, lan katetepan iki kanggo ing salawase!