12 Ing pinggire kali kiwa tengen ana wite wowohan warna-warna, kang godhonge ora alum lan wohe ora entek-entek; saben sasi awoh maneh, sabab wit-wit iku oleh banyu saka papan kang suci iku. Wohe bakal dadi pangan, dene godhonge kanggo tamba.”
13 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iki wates-watese tanah kang kudu sira bage-bage dadi tanah-pusakanira ing antarane suku Israel rolas, Yusuf tampa rong bagean.
14 Tanah iku kudu sira bage rata, yaiku tanah kang kalawan supaos Sunjanjekake Sunparingake marang leluhurira, mulane tanah iku dadi tanah-pusakanira.
15 Iki watese tanah iku: ing sisih lor: saka sagara gedhe terus, ngliwati Hetlon tekan ing dalan kang mlebu ing Hamat banjur terus, ngliwati Zedad,
16 Berota, Sibraim, kang dumunung ing antarane kuta Damsyik lan wilayahe kutha Hamat, terus tekan ing Hazar-Enon kang dumunung ing wilayahe kutha Hauran.
17 Dadi tapel-watese iku wiwit ing sagara nganti tekan ing Hazar-Enon, temah wilayahe kutha Damsyik iku uga wilayahe kutha Hamat dumunung ing salore. Iku ing sisih lor.
18 Ing sisih wetan: wiwit saka ing Hazar-Enon kang dumunung ing antarane Hauran lan Damsyik, bengawan Yarden dadi tapel-wates ing antarane Gilead lan tanah Israel, terus ngener ing Sagara Wetan nganti tekan ing Tamar. Iku ing sisih wetan.