20 Ing sisih kulon: Sagara gedhe dadi tapel wates nganti tekan ing panggonan lumebune dalan menyang ing Hamat. Iku ing sisih kulon.”
21 “Tanah iki kang kudu sira bage ing antaranira kabeh manut suku-sukune Israel.
22 Iku kudu sira bage dadi tanah-pusaka ana ing antaranira kabeh lan ana ing antarane para wong manca kang padha manggon ana ing tengahira, kang padha anak-anak ing satengahira, sarta iku kudu sira rengkuh padha kayadene wong Israel asli; iku iya kudu oleh bagean tanah pusaka ana ing satengahe suku-suku Israel.
23 Dadi manawa ing satengahe sawijining suku ana wonge manca, iku kudu sira wenehi tanah-pusaka. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.