8 Panjenengane ngandika marang aku: “Kali iki mili menyang ing wilayah wetan, lan mudhun menyang Araba-Yarden, lan mutah ing Sagara Asin; banyune kang asin banget iku banjur dadi tawa,
9 satemah menyang ngendi bae iline kali iku, sakehing makhluk kang urip kang kumroyok ana ing kono bakal urip. Iwake bakal dadi akeh, amarga menyang ngendi bae parane banyu iku, ing kono banyune sagara banjur dadi tawa, lan menyang ngendi bae iline kali iku, samubarang kabeh kang ana ing kono bakal urip.
10 Mulane ing saurut pinggiring kali mau wiwit ing En-Gedi nganti tekan ing En-Eglaim kebak wong kang padha golek iwak; dhaerah kono banjur dadi papan ngepe jala, sarta ing kali kono ana iwake warna-warna, kaya iwak-iwak ing sagara gedhe, akeh banget.
11 Nanging embel-embel lan rawa-rawane ora dadi tawa, iku dadi panggonan njupuk uyah.
12 Ing pinggire kali kiwa tengen ana wite wowohan warna-warna, kang godhonge ora alum lan wohe ora entek-entek; saben sasi awoh maneh, sabab wit-wit iku oleh banyu saka papan kang suci iku. Wohe bakal dadi pangan, dene godhonge kanggo tamba.”
13 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iki wates-watese tanah kang kudu sira bage-bage dadi tanah-pusakanira ing antarane suku Israel rolas, Yusuf tampa rong bagean.
14 Tanah iku kudu sira bage rata, yaiku tanah kang kalawan supaos Sunjanjekake Sunparingake marang leluhurira, mulane tanah iku dadi tanah-pusakanira.