1 Iki jenenge suku-suku mau: Kang ana lor dhewe: wiwit ing sagara, terus, ngliwati Hetlon, tekan ing panggonan lumebune dalan menyang Hamat, Hazar-Enon, mulane wilayahe kutha Damsyik, kang cedhak karo Hamat, dumunung ing sisih lore; wiwit tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku bageane Dhan.
2 Adu wates karo wilayahe Dhan, saka ing tapel-wates wetan nganti tapel-wates kulon, iku bageane Asyer.
3 Adu wates karo wilayahe Asyer, saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku bageane Naftali.
4 Adu wates karo wilayahe Naftali, saka tapel-wates wetan nganti tapel-wates kulon, iku bageane Manasye.