14 Iku sathithik bae ora kena didol utawa diijolake, sarta wilayah iku perangane kang becik dhewe ora kena diwarisake marang wong liya, awit iku suci tumrape Sang Yehuwah.
15 Turahane ambane, yaiku isih limang ewu asta, kang adu wates karo kang salawe ewu asta, iku ora suci, iku kanggo kapreluaning kutha, dienggoni lan kanggo pategalan.
16 Dene ukurane mangkene: sisih lor lan kidul patang ewu limang atus asta, sisih wetan lan kulon uga patang ewu limang atus asta.
17 Ing sakubenge kutha iku ana ara-arane, sisih lor lan kidul rong atus seket asta, lan sisih wetan lan kulon uga rong atus seket asta.
18 Turahane dawane, kang jejer karo pisungsung mligi kang suci iku, sisih wetan sapuluh ewu asta, sisih kulon sapuluh ewu asta, dene pametune dadi pangane para kang nyambut-gawe ing kutha kono.
19 Wong-wong iki, kang asale saka suku-suku Israel kabeh, iku kang bakal nggarap palemahan mau.
20 Pisungsung-mligi iku jembare kabeh ana salawe ewu asta ping salawe ewu asta. Sira mligekna kang kanggo pisungsung mligi kang suci dalah wilayahe kutha iku awujud pesagi.