22 Kajaba duweke para wong Lewi lan duweke kutha iku -- kang dumunung ing tengahe wilayahing ratu mau -- kang kaapit ing wilayahe Yehuda lan Benyamin, iku kanggo raja.
23 Anadene tumrap suku-suku liyane: wiwit ing tapel-wates wetan tekan ing tapel-wates kulon iku kanggo Benyamin.
24 Adu wates karo wilayahe Benyamin, wiwit ing tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon iku kanggo Simeon.
25 Adu wates karo wilayahe Simeon wiwit ing tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon iku kanggo Isakhar.
26 Adu wates karo wilayahe Isakhar, wiwit ing tapel-wates wetan tekan tapel-wates kulon, iku kanggo Zebulon.
27 Adu wates karo wilayahe Zebulon, wiwit ing tapel-wates wetan tekan tapel-wates kulon, iku kanggo Gad.
28 Tapel-watese wilayahe Gad iku ing sisih kidul wiwit saka Tamar nganti tekan ing kali Mesir, terus tekan ing sagara gedhe.