27 Adu wates karo wilayahe Zebulon, wiwit ing tapel-wates wetan tekan tapel-wates kulon, iku kanggo Gad.
28 Tapel-watese wilayahe Gad iku ing sisih kidul wiwit saka Tamar nganti tekan ing kali Mesir, terus tekan ing sagara gedhe.
29 Yaiki nagara kang kudu sira bage-bage dadi tanah-pusaka ana ing antarane suku-suku Israel, lan iku bagean-bageane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
30 “Iki lawang-lawange metu kutha iku: ing sisih lor, kang ukurane patang ewu limang atus asta,
31 ana gapurane telu, gapura Ruben, gapura Yehuda lan gapura Lewi -- amarga gapura-gapura kutha iku dijenengake manut jeneng-jenenge suku-suku Israel --.
32 Ing sisih wetan kang ukurane patang ewu limang atus asta, ana gapurane telu, iku gapura Yusup, gapura Benyamin lan gapura Dhan.
33 Ing sisih kidul, kang ukurane patang ewu limang atus asta, uga ana gapurane telu, iku gapura Simeon, gapura Isakhar lan gapura Zebulon.