3 Adu wates karo wilayahe Asyer, saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku bageane Naftali.
4 Adu wates karo wilayahe Naftali, saka tapel-wates wetan nganti tapel-wates kulon, iku bageane Manasye.
5 Adu wates karo wilayahe Manasye, saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku wilayahe Efraim.
6 Adu wates karo wilayahe Efraim, saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku bageane Ruben.
7 Adu wates karo wilayahe Ruben, wiwit saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku bageane Yehuda.
8 Adu wates karo wilayahe Yehuda, wiwit saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, ing kono ana pisungsung mligi, kang kudu sira mligekake, yaiku kang ambane salawe ewu asta, lan dawane padha karo dawane sabagean, yaiku wiwit saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, sarta ing satengahe kono kanggo pasucen.
9 Perangan pisungsung kusus kang kudu sira mligekake kagem Sang Yehuwah iku dawane salawe ewu asta lan ambane rong puluh ewu asta.