32 Ing sisih wetan kang ukurane patang ewu limang atus asta, ana gapurane telu, iku gapura Yusup, gapura Benyamin lan gapura Dhan.
33 Ing sisih kidul, kang ukurane patang ewu limang atus asta, uga ana gapurane telu, iku gapura Simeon, gapura Isakhar lan gapura Zebulon.
34 Ing sisih kulon kang ukurane patang ewu limang atus asta, uga ana gapurane telu, iku gapura Gad, gapura Asyer lan gapura Naftali.
35 Dadi kubenge kutha iku ana wolulas ewu asta. Wiwit nalika iku jenenge kutha iku: Sang Yehuwah ana ing kono.”