1 He, anaking manungsa, sira njupuka pedhang kang landhep, anggonen kayadene ladinge panyukuran tukang cukur; rambuting sirahira lan jenggotira cukuren; nuli njupuka timbangan, rambutira bage-bagenen.
2 Sapratelon kudu sira obong ing geni ana ing satengahing kutha iku, samangsa wus ganep wektu pangepunge; sapratelon jupuken lan sabeten kalawan pedhang ana ing sakubenge lan sapratelon sira awut-awuta ing angin, dene Ingsun bakal ngunus pedhang kagawe mbujeng.
3 Sira njupuka rambut iku sathithik sira bundhelana ing poncoting jubahira.
4 Nuli sira njupuka maneh sawatara, sira cemplungna ing geni, cikben kobong; iku bakal metu genine kang mangsa turune Israel kabeh. Sira banjur ngucapa mangkene:
5 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Yaiki Yerusalem! Iki Sunpapanake ana ing satengahing bangsa-bangsa lan kaubengan ing nagara-nagarane.
6 Iku wus mbalela marang pranatan-pranataningSun, ngluwihi alane para bangsa, tuwin marang katetepaningSun ngluwihi nagara-nagara ing sakubenge, amarga padha nampik pranataningSun sarta kalakuane ora cocog kalawan katetepaningSun.
7 Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne alanira ngluwihi para bangsa ing sakubengira tuwin kalakuanira ora cocog kalawan katetepaningSun sarta ora nindakake pranatan-pranataningSun, malah sira netepi pranatan-pranantaning bangsa-bangsa ing sakubengira,