14 Sira bakal Sundadekake jugrugan lan cacadan ana ing satengahing para bangsa ing sakubengira ana ing ngarepe sakehing wong kang padha liwat.
15 Sira bakal dadi cacadan lan cecampahan, minangka pepenget lan dadi bab kang ngeram-eramake tumrap para bangsa ing sakubengira, yaiku ing samangsa Ingsun nibakake paukuman marang sira ing sajroning bendu lan duka sarta ing sajroning pangrangketingSun kang nggegirisi -- Ingsun, Pangeran Yehuwah kang mangandikakake --
16 ing nalika Ingsun ndhatengake paceklik kang nggegirisi, kang neniwasi sarta kang Sundhatengake kanggo numpes sira kabeh, nalika Ingsun mbangetake paceklik tumrap sira kabeh lan nyirnakake pasadhiyanira pangan.
17 Ingsun bakal ndhatengake paceklik marang sira kabeh lan kewan-kewan galak ing satengahira, kang bakal ngentekake anak-anakira; pageblug bakal nekani sira lan bakal ana getih kang mili ana ing tengahira sarta Ingsun bakal ndhatengake pedhang marang sira, Ingsun, Yehuwah kang mangandikakake iku kabeh.”