4 Nuli sira njupuka maneh sawatara, sira cemplungna ing geni, cikben kobong; iku bakal metu genine kang mangsa turune Israel kabeh. Sira banjur ngucapa mangkene:
5 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Yaiki Yerusalem! Iki Sunpapanake ana ing satengahing bangsa-bangsa lan kaubengan ing nagara-nagarane.
6 Iku wus mbalela marang pranatan-pranataningSun, ngluwihi alane para bangsa, tuwin marang katetepaningSun ngluwihi nagara-nagara ing sakubenge, amarga padha nampik pranataningSun sarta kalakuane ora cocog kalawan katetepaningSun.
7 Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne alanira ngluwihi para bangsa ing sakubengira tuwin kalakuanira ora cocog kalawan katetepaningSun sarta ora nindakake pranatan-pranataningSun, malah sira netepi pranatan-pranantaning bangsa-bangsa ing sakubengira,
8 mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah, Ingsun, iya Ingsun piyambak kang bakal nglawan sira lan Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang sira ana ing ngarepe para bangsa.
9 Marga saka panggawenira kang jember iku, Ingsun bakal nandukake marang sira apa kang durung tau Suntindakake lan kang ora bakal Suntindakake maneh.
10 Mulane bakal kelakon bapa padha mangan anake dhewe ana ing tengahira, lan uga anak padha mangan bapakne dhewe, sarta Ingsun bakal nandukake paukuman marang sira ana ing satengahira, sarta kabeh kekarenira bakal Sunsebar-sebarake ing sakehing keblat kabeh.