1 Sawuse iku ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
2 “He, anaking manungsa, marepa marang ing gunung-gununge Israel lan nglairna pameca nglawan gunung-gunung iku!
3 Munia: He gunung-gununge Israel, ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah Allah! Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang gunung-gunung lan tengger-tengger, marang jurang-jurang lan lebak-lebak: Lah Ingsun bakal ndhatengake perang marang sira sarta Ingsun bakal ngrusak tengger-tengger panggonanira saos kurban.
4 Misbyah-misbyahira bakal dadi sepi mamring lan padupan-padupanira bakal karusak; tuwin Ingsun bakal ngebrukake para wongira kang padha pinatenan ana ing ngarepe brahala-brahalanira.