11 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Keploka lan gedrugna sikilira ing lemah sarta nguwuha: Diawas! Marga saka sakehing panggawene turune Israel kang nistha lan ala, wong-wong iku bakal padha ambruk mati dening pedhang, kaliren lan dening pageblug.
12 Kang adoh bakal mati kena ing pageblug, kang cedhak bakal ambruk dening pedhang, dene kang oncat lan kapitulungan bakal mati kaliren. Mangkono anggoningSun bakal ngatogake bebenduningSun marang wong-wong mau.
13 Lan sira bakal sumurup, yen Ingsun iku Yehuwah, yaiku nalika wong-wonge kang pinatenan padha pating glimpang ana ing tengahing para brahalane ing sakubenge misbyah-misbyahe, ing saben tengger kang dhuwur lan ing saben pucuking gunung, ing sangisoring saben wit kang ngrembuyung, ing saben wit elah kang ngrempoyok, papan-papan kang kanggo nganakake kurban kang arum marang sakehing brahalane.
14 Ingsun bakal ngayatake astaningSun bakal nglawan wong-wong mau lan tanahe, ana ing ngendi bae pamanggone, bakal Sunsirnakake lan Sundadekake sepi mamring wiwit ing pasamunan nganti tumeka ing Ribla, nuli bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”