1 Ing taun kang kaping enem, tanggal lima sasi enem, nalika aku pinuju lungguh ana ing omahku, arep-arepan karo para pinituwaning Yehuda, aku nuli kalimputan ing pangwaose Pangeran Yehuwah,
2 sarta banjur tampa wahyu: Lah ana kang katon kang rupane kaya sawijining priya, wiwit bangkekan tekan ing ngisor rupane kaya geni, saka ing bangkekan mandhuwur katon mawa cahya, gumilap kaya swasa.
3 Iku nuli mulungake kang kaya asta, rambutku dicepeng. Aku banjur kajunjung dening Sang Roh iku marang ing antarane langit lan bumi sarta ing sajroning wahyuning Allah aku kabekta menyang ing Yerusalem, ing sacedhaking gapuraning plataran ing jero kang marep ngalor, kang ana recane brahala, kang nuwuhake butarepan.
4 Lah ing kono katon kamulyaning Allahe Israel, kaya wahyu kang dakdeleng ana ing lebak.
5 Aku banjur dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, ngingetna mangalor!” Aku tumuli ngingetake mangalor, lah ing salore gapuraning misbyah, ing sacedhake dalan mlebu, ana reca kang nuwuhake butarepan mau.
6 Aku nuli kapangandikanan mangkene: “He, anaking manungsa, apa sira ndeleng apa kang padha ditindakake, yaiku panggawe-panggawe kang nistha banget, kang dilakoni dening turune Israel ana ing kene, satemah Ingsun kapeksa ngedohi papan pasuceningSun? Sira isih bakal ndeleng panggawe kang nistha kang ngluwihi iku.”
7 Aku nuli kabekta menyang ing lawanging plataran; aku ndeleng lah ing temboke ana bolongane.