15 Aku nuli dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, apa sira wus ndeleng kang padha ditindakake? Sira isih bakal ndeleng panggawe-panggawe kang nisthani ngluwihi iki banget.”
16 Sawuse mangkono aku banjur dibekta menyang ing platarane njero padalemaning Yehuwah; lah ing sacedhake dalan lumebu marang ing padalemane Pangeran Yehuwah, ing antarane bale Pasucen lan misbyah ana wong lanang kira-kira selawe kang padha ngungkurake padalemane Pangeran Yehuwah, lan padha madhep mangetan kalawan sujud marang srengenge kang ana ing sisih wetan.
17 Aku tumuli dipangandikani: “Apa sira wus ndeleng iku, he anaking manungsa? Apa iki prakara remeh, panggawe-panggawe nistha kang dilakoni dening turune Yehuda ana ing kene iki? Dene tanah iki malah banjur wus dikebaki ing panganiaya, lan marga saka mangkono terus bae anggone gawe gerahing panggalihingSun.
18 Mulane bakal Sunwales kalawan bebenduningSun. Ingsun ora bakal rumaos eman lan ora bakal nandukake kawelasan sarta sanadyan padha sesambat marang Ingsun kalawan sora, ora bakal Sunpiyarsakake.”