9 Aku tumuli dipangandikani: “Sira lumebua lan ndelenga panggawe-panggawe kang nistha kang ala, kang padha ditindakake ana ing kene!”
10 Aku banjur lumebu lan ndeleng lah ana gambaring sakehe kewan gumremet lan kewan-kewan liyane kang njejemberi sarta sakehing brahalane turune Israel kang ingukir ana ing tembok ing sakubenge.
11 Ing ngarepe katon ana pinituwaning turune Israel pitung puluh kang padha ngadeg, Yaazanya bin Safan ana ing satengahe wong-wong mau, kabeh padha nyekel bokor padupan; kukusing dupa kang arum kumelun.
12 Aku banjur dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, apa sira wus ndeleng apa kang katindakake dening para pinituwaning turune Israel ana ing pepeteng ana ing sajroning kamare dhewe-dhewe kang ana gambare ukir-ukiran? Amarga padha celathu mangkene: Pangeran Yehuwah ora mirsa kita; Pangeran Yehuwah wus nilar tanah kene.”
13 Pangandikane maneh mangkene: “Sira bakal ndeleng panggawe nistha kang ngluwihi gedhene maneh, kang padha dilakoni.”
14 Aku banjur kabekta menyang ing sacedhaking lawang gapuraning padalemane Pangeran Yehuwah ing sisih lor, lah ing kono ana wong wadon kang padha nangisi Bathara Tamus.
15 Aku nuli dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, apa sira wus ndeleng kang padha ditindakake? Sira isih bakal ndeleng panggawe-panggawe kang nisthani ngluwihi iki banget.”