Yeheskiel 9:5-11 JAV

5 Dene sapangrunguku wong liya-liyane padha dipangandikani mangkene: “Wong iku etutna, kutha iku dlajahana lan sira menthungana nganti mati! Sira aja ngrasa eman lan aja nandukake piwelas.

6 Para wong tuwa, wong enom lanang wadon, bocah-bocah lan wong wadon, iku padha sira patenana lan sirnakna! Nanging sakehing wong kang mawa tandha aksara T iku aja sira kapak-kapakake! Lan wiwitane saka ing papan pasuceningSun!” Banjur padha miwiti saka para pinituwa kang ana ing sangarepe Padaleman Suci.

7 Sawuse mangkono padha dipangandikani mangkene: “Padaleman Suci iku sira najisna, plataran-platarane kebakana wong-wong kang wus kapatenan. Wis padha mangkata!” Nuli padha mangkat, wong-wong ing sajroning kutha padha dipenthungi nganti mati.

8 Sajrone padha mateni wong-wong iku -- ing nalika iku aku kari ana ing buri -- aku banjur sujud lan munjuk kalawan sora mangkene: “Dhuh Pangeran Yehuwah, punapa karsa Paduka badhe nyirnakaken sadaya kekantunanipun Israel ing salebetipun Paduka ngesokaken bebendu Paduka dhateng Yerusalem punika?”

9 Paring wangsulane marang aku: “Kaluputane turune Israel lan Yehuda iku akeh banget, nganti tanah iki kebak utang getih lan kutha iki kebak kaanan kang ora adil; awit padha ngucap mangkene: Pangeran Yehuwah wus nilar tanah iki; Pangeran Yehuwah ora mirsani iki.

10 Mulane Ingsun uga ora bakal ngraos eman lan ora bakal nandukake kawelasan; kalakuane bakal Suntampekake marang sirahe wong iku kabeh.”

11 Ing kono wong kang manganggo mori lan nggawa piranti nulis ana ing lambunge iku banjur lapur, unjuke: “Kawula sampun nglampahi punapa ingkang Paduka dhawuhaken dhumateng kawula.”