Yusak 10:10-16 JAV

10 Sang Yehuwah banjur damel kisruhing mungsuh ana ing ngarepe wong Israel, temah Senapati Yusak njalari mungsuhe padha kasoran banget ana ing sacedhake Gibeon, tumuli padha dioyak ana ing dalan kang ngener marang ing unggah-unggahan ing Bet-Horon, panggecake nganti tumeka ing Azeka lan ing Makeda.

11 Nalika padha keplayu ana ing ngarepe wong Israel, lagi ana ing ngereng-erenge Bet-Horon, padha diudani watu gedhe-gedhe saka langit dening Sang Yehuwah, nganti tumeka ing Azeka, wekasan padha tiwas. Kang mati ketiban watu iku luwih akeh katimbang karo kang padha dipateni wong Israel kalawan pedhang.

12 Nalika Sang Yehuwah ngulungake wong Amori marang bangsa Israel, Senapati Yusak munjuk marang Sang Yehuwah ing nalika Sang Yehuwah ngulungake wong Amori marang wong Israel; panjenengane banjur ngandika ana ing ngarepe bangsa Israel: “He srengenge, mandhega ana ing dhuwur Gibeon, lan kowe rembulan, ana ing dhuwur lebak Ayalon!”

13 Srengenge tumuli mandheg, lan rembulan uga ora mingsed, nganti tumeka sarampunge wong Israel anggone males nempuh marang mungsuhe. Bab iku rak wus tinulisan ana ing Kitabe Wong Jujur? Srengenge mandheg ana ing tengahing langit lan alon-alon angslupe nganti watara sadina muput.

14 Durung tau ana dina kang kaya mangkono mau, saprana-saprene; dene Sang Yehuwah nganti mindhangetake panyuwune manungsa kang kaya mangkono, amarga Sang Yehuwah piyambak kang nyarirani perange wong Israel.

15 Senapati Yusak banjur kondur menyang ing pakemahan ing Gilgal kadherekake bala Israel kabeh.

16 Anadene ratu lima iku mau padha keplajeng sarta ndhelik ana ing guwa Makeda.