1 Ing wektu iku kutha Yerikho wus ngancing gapurane, kutha iku wus kancingan marga saka wong Israel, ora ana wong metu utawa mlebu.
2 Sang Yehuwah ngandika marang Senapati Yusak: “Lah kutha Yerikho dalah ratu lan para pahlawane kang gagah prakosa Sunulungake ing tanganira.
3 Sira padha ngubengana kutha iku, yaiku sakehe prajurit padha ngubengana kutha iku kaping sapisan bae, iku lakonana nganti nem dina lawase,
4 lan anaa imam pitu kang nggawa kalasangka sungu wedhus pitu kang lumaku ana ing ngarepe pethi. Nanging ing dina kang kapitu anggonira padha ngubengi kutha iku kudu kaping pitu sarta para imam mau banjur padha ngunekna kalasangkane.
5 Dene samangsa ana tengara kalasangka sungu wedhus muni melung, nalika sira padha krungu tengara kalasangka iku, wong kabeh nuli padha surak-suraka kang sora, sanalika balowartine kutha iku bakal jugrug, wong sabangsa banjur padha munggaha, saben wong lumakua manut ing enere dhewe-dhewe.”
6 Senapati Yusak bin Nun tumuli nimbali para imam kang padha didhawuhi mangkene: “Pethine prasetyan usungen lan anaa imam pitu kang padha nggawa kalasangka sungu wedhus pitu kang lumaku ana ing ngarepe pethine Sang Yehuwah.”
7 Nuli dhawuh marang wong kabeh: “Padha lumakua, kutha iki ubengana dene kang asikep gegaman padha lumakua ana ing ngarepe pethine Sang Yehuwah.”
8 Sawuse Sang Yusak dhawuh mangkono mau, imam pitu kang padha nggawa kalasangka sungu wedhus nuli enggal-enggal lumaku ana ing ngarsaning Yehuwah lan banjur ngunekake kalasangka, dene pethi prasetyane Pangeran Yehuwah ngetutake ana ing burine.
9 Kang padha sikep gegaman lumaku ana ing ngarepe para imam kang ngunekake kalasangka, sarta wadyabala panutup padha lumaku ing saburining pethi, anadene kalasangkane kaunekake terus.
10 Nanging Sang Yusak wus dhawuh marang wong kabeh mangkene: “Kowe aja padha surak-surak, malah aja nganti keprungu suwaramu lan aja ana tembung kang kawetu saka ing cangkemmu sanajana mung sakecap, nganti tumeka ing wektune anggonku dhawuh marang kowe: Padha surak-suraka! -- kowe banjur padha surak-suraka.”
11 Pethine Pangeran Yehuwah dadine dilakokake ngubengi kutha mau mung kaping sapisan, sawuse banjur padha bali menyang ing pakemahan sarta padha nginep ana ing pakemahan kono.
12 Esuke Sang Senapati Yusak isih esuk uthuk-uthuk wus wungu, lan para imam tumuli padha ngusung pethine Pangeran Yehuwah;
13 sarta imam pitu kang nggawa kalasangka sungu wedhus pitu padha lumaku ana ing ngarepe pethine Sang Yehuwah, kambi ngunekake kalasangkane, dene kang asikep gegaman padha lumaku ana ing ngarepe, dene wadya-bala panutup lumaku ing saburine pethine Sang Yehuwah, lan tansah binarengan swaraning kalasangka.
14 Mengkono dadine ing dina kapindho iya mung sapisan anggone ngubengi kutha mau, banjur padha bali menyang ing pakemahan maneh. Kaya mangkono iku patrape ngangti nem dina lawase.
15 Nanging bareng ing dina kapitune kabeh padha tangi wayah bangun esuk, nalika wetune bang-bang wetan, tumuli padha ngubengi kutha, patrape kaya mangkono iku uga nganti rambah ping pitu; mung ing dina iku nganti rambah kaping pitu anggone padha ngubengi kutha mau.
16 Nalika kaping pitune, bareng para imam ngunekake kalasangka, Senapati Yusak banjur dhawuh marang wong kabeh: “Padha surak-suraka, amarga Pangeran Yehuwah wus maringake kutha iki marang kowe!
17 Nanging kutha iku lan saisine kabeh, bakal mligi kagem Pangeran prelu kasirnakake mung Rakhab si wanita tunasusila iku kang bakal lestari urip, dalah sakehe wong kang tunggal saomah karo dheweke, amarga wus ndhelikake utusan kang padha kita lakokake.
18 Mung bae kowe padha dingati-ati aja nganti kalepetan, barang kang mligi kadadekake leburan, kowe aja njupuk sawijining barang leburan iku, sawuse kabeh iku padha kokmligekake, supaya ora ndadekake sirna lan bilaine pakemahaning wong Israel.
19 Sakehe selaka lan emas, apadene piranti tembaga lan wesi iku dadia sesengkerane Pangeran Yehuwah; kabeh iku bakal kalebokake ing pasimpenaning Yehuwah.”
20 Wong kabeh tumuli padha surak-surak binarung swarane kalasangka mau; sawuse wong sabangsa kabeh krungu swaraning kalasangka banjur padha surak-surak kalawan sora. Dumadakan balowartine jugrug, lan wong kabeh tumuli padha munggah ing kutha, siji-sijine lumaku ngenut enere dhewe-dhewe lan ngrebut kutha mau.
21 Saisine kutha banjur kalebur kabeh, wong lanang lan wong wadon, bocah lan wong tuwa, dalasan sapi, wedhus lan kuldi, padha katumpes klawan landheping pedhang.
22 Nanging Sang Senapati Yusak banjur ngandika marang wong loro kang biyen padha nelik nagara mau: “Padha lumebua ing omahe wong wadon tunasusila kae, wong iku gawanen metu saka ing kono dalasan sakulawargane kabeh, kaya kang wus dadi supatamu marang dheweke.”
23 Wong nom kang dadi telik mau banjur padha mlebu, Rakhab, bapa-biyunge sarta sadulure dalah sakehing wong kang tunggal saomah karo dheweke, iya sakulawargane kabeh padha digawa metu, nuli dipapanake ing sajabaning pakemahane wong Israel.
24 Nanging kuthane dalah saisine kabeh tumuli diobong ing geni, mung kang arupa selaka lan mas tuwin piranti tembaga lan wesi iku padha dilebokake ing pasimpenaning rajabrana ing padalemane Pangeran Yehuwah.
25 Kaya mangkono dadine Rakhab wong wadon tunasusila sakulawargane sarta kabeh kang melu dheweke kabeh iya padha diparengake lestari urip dening Sang Yusak, banjur tetep pamanggone ana ing tengahe bangsa Israel nganti saprene, amarga saka anggone ndhelikake wong kang diutus dening Sang Yusak nelik kutha Yerikho.
26 Ing nalika samana Sang Senapati Yusak asupaos pangandikane: “Wong kang bakal tumandang mbangun kutha Yerikho iki, kenaa ing laknat ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah; anggone masang tetalese kutha kalawan masrahake anake pembarep lan anggone ngadegake gapurane kalawan masrahake nyawane anake wuragil!”
27 Anadene Sang Yehuwah nunggil karo Senapati Yusak, sarta pawartane banjur kawentar ana ing sawratane negara kono.