13 Srengenge tumuli mandheg, lan rembulan uga ora mingsed, nganti tumeka sarampunge wong Israel anggone males nempuh marang mungsuhe. Bab iku rak wus tinulisan ana ing Kitabe Wong Jujur? Srengenge mandheg ana ing tengahing langit lan alon-alon angslupe nganti watara sadina muput.
14 Durung tau ana dina kang kaya mangkono mau, saprana-saprene; dene Sang Yehuwah nganti mindhangetake panyuwune manungsa kang kaya mangkono, amarga Sang Yehuwah piyambak kang nyarirani perange wong Israel.
15 Senapati Yusak banjur kondur menyang ing pakemahan ing Gilgal kadherekake bala Israel kabeh.
16 Anadene ratu lima iku mau padha keplajeng sarta ndhelik ana ing guwa Makeda.
17 Senapati Yusak banjur diaturi pawarta mangkene: “Ratu gangsal punika sami pinanggih ndhelik wonten ing guwa Makeda.”
18 Senapati Yusak banjur dhawuh: “Cangkeme guwa iku glundungana watu gedhe-gedhe lan ing ngarepe dokokana wong kang jaga.
19 Nanging kowe aja kandheg anggonmu ngoyak-oyak marang mungsuhmu lan pethiting barisane gepuken; aja nganti padha bisa lumebu ing kutha-kuthane, ujer Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu wus ngulungake wong-wong iku marang kowe!”