Yusak 10:20-26 JAV

20 Bareng Senapati Yusak lan wong Israel wus rampung anggone padha ngalahake mungsuhe nganti banget anggone kasoran yaiku nganti lebur babar pisan, -- mung sawatara kang bisa oncat lan padha bisa lumebu ing kutha-kutha kang disantosani --

21 wong sabangsa kabeh tumuli padha bali kalawan slamet marang ing ngarsane Senapati Yusak menyang ing palereban ing Makeda, ora ana wong siji-sijia kang wani ngucapake pangancam marang wong Israel.

22 Senapati Yusak banjur ngandika: “Cangkeme guwa iku wengakna, lan ratune lima padha gawanen metu saka ing guwa lan ladekna marang aku mrene!”

23 Kang kadhawuhan tumuli padha nglakoni mangkono, ratu lima padha digawa metu saka ing guwa, kaladekake marang ngarsane Senapati Yusak, iya iku: ratu ing Yerusalem, ratu ing Hebron, ratu ing Yarmut, ratu ing Lakhis, lan ratu ing Eglon.

24 Bareng ratu mau wus padha digawa metu kaladekake marang ing ngarsane Senapati Yusak, Sang Senapati banjur nimbali nglumpuk wong Israel kabeh sarta dhawuh marang para tetindhihe prajurit kang wus ndherek perang: “Padha majua, tlapakanmu ancikna ing githoke para ratu iki.” Para tetindhih nuli padha maju lan ngancikake tlapakane ana ing githoke para ratu iku.

25 Senapati Yusak banjur ngandika maneh: “Aja padha wedi lan aja kekes atimu, padha disantosa lan diteguh atimu, amarga kaya mangkene iki bakal pandamele Sang Yehuwah marang sakehe mungsuhmu kang padha koklawan perang.”

26 Sawuse iku para ratu mau banjur padha disedani dening Senapati Yusak, tumuli padha digantung ing kayu limang iji, panggantunge ing kayu mau nganti tumeka ing wayah sore.