11 Kabeh kang urip ana ing kutha mau dipateni klawan landheping pedhang, wong-wong ing kono padha katumpes. Kabeh kang ambekan ora ana kang diuripi siji-sijia, dene Hazor diobong.
12 Sabanjure sakehing kuthane para ratu mau padha dirayud Senapati Yusak lan ratune kabeh padha disedani klawan landheping pedhang, padha ditumpes kaya kang dadi dhawuhe Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah.
13 Nanging sakehing kutha kang kaprenah ana ing tetengger iku padha ora diobongi dening wong Israel, kajaba mung Hazor dhewe iku kang diobong dening Senapati Yusak.
14 Dene sakehe jarahane kutha iku lan raja-kayane dijarah wong Israel, nanging wonge padha dipateni kabeh klawan landheping pedhang, nganti tumpes tapis. Kang ambekan ora ana kang diuripi.
15 Kabeh dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa, abdine, iku dingandikake Nabi Musa marang Senapati Yusak lan iya mangkono tumindake Senapati Yusak, sadhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa iku ora ana kang dilirwakake sathithik-thithika.
16 Mangkono anggone Senapati Yusak nelukake satlatahe tanah iku kabeh, ing pagunungan, ing tanah Negeb kabeh, ing tanah Gosyen kabeh, Dhaerah Pagunungan, Lebak Araba-Yordan lan Pagunungan Israel dalah tanah ngarene.
17 Wiwit ing pagunungan Gundhul, kang munggah ngener ing Seir, nganti tutug ing Baal-Gad ing lebake pagunungan Libanon, ing sikile gunung Hermon; dene sakehe ratune padha dicekel lan disedani.