15 Talere bani Ruben iku wus padha kaparingan dening Nabi Musa miturut gotrah-gotrahe, panduman iki:
16 tlatah pandumane wiwit ing Aroer ing pinggiring kali Arnon kutha kang kaprenah ana ing saparone kali iku, sarta tanah warata ing pagunungan sacedhake Medeba kabeh;
17 Hesybon dalah sakehe kutha wewengkone, kang kaprenah ing tanah warata ing pagunungan mau, yaiku: kutha Dibon, Bamot-Baal, Bet-Baal-Meon,
18 Yahas, Kedemot, Mefaat,
19 Kiryataim, Sibma, Zeret-Hasahar ana ing lembahe gunung iku,
20 Bet-Peor, peperenge gunung Pisga, lan Bet-Yerimot,
21 sabanjure sakehe kutha ana ing tanah warata ing pagunungan lan satlatahe karajane Prabu Sihon; ratuning wong Amori, kang ngereh ing Hesybon, kang dikalahake Nabi Musa, uga para ratu ing Midian, yaiku Prabu Ewi, Prabu Rekem, Prabu Zur, Prabu Hur, lan Prabu Reba, para raja kalerehane Prabu Sihon, kang padha dedalem ana ing negara kono.