2 Dene nagara kang isih kari yaiku: sakehe tlatahe wong Filisti lan saindenging nagarane wong Gesur,
3 wiwit saka kali Sikhor ing sawetane tanah Mesir tutug ing tlatah Ekron mangalor, -- iku kaetung tanahe wong Kanaan; -- panggedhene wong Filisti iku lima, yaiku ing Gaza, Asdod, Askelon, Gad lan Ekron, -- apadene bangsa Awi
4 ing sisih kidul, sarta saindenging nagarane wong Kanaan lan Meara, darbeke wong Sidon, tutug ing Afek, iya iku tutug ing tlatahe wong Amori;
5 sabanjure nagarane wong Gebal lan kabeh tlatahe gunung Libanon ing sisih pletheking srengenge, saka ing Baal-Gad ing sikile gunung Hermon, nganti tutug ing dalan kang menyang ing Harmat;
6 sakehing wong kang manggon ing pagunungan, wiwit saka ing gunung Libanon tutug ing Misrefot-Maim; sakehe wong Sidon, iku bakal Suntundhung piyambak saka ing ngarepe wong Israel; mung bae tanahe sira paringna marang wong Israel sarana kaundhi, kaya kang wus Sundhawuhake marang sira.
7 Kang iku nagara iki sira edum-edumna marang taler kang sanga lan marang saparoning talere Manasye minangka tanah pusakane.”
8 Bebarengan karo taler Manasye kang separone, wong Ruben lan wong Gad, wus padha kaparingan tanah-pusaka dening Nabi Musa ana ing sabrangane kali Yarden sisih wetan, kaya kang wus katemtokake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah, kanggo wong-wong mau,