1 Anadene panduman kang kaundhi kanggo taler Yehuda manut gotrahe iku nganti tekan ing tapel-watese tanah Edom, nganti tekan ing ara-ara samun Zin ing poncot kidul,
2 watese kang kidul iku wiwit saka ing poncote Telaga Asin, saka ing teluk kang madhep mangidul,
3 banjur ngliwati sisih kidule unggah-unggahan ing Akrabim, terus menyang Zin, nuli munggah menyang ing sisih kidule Kadesy-Barnea, terus menyang ing Hezron, banjur munggah menyang ing Adar, menggok menyang ing Karka,
4 terus menyang ing Azmon sarta metu ing kaline tanah Mesir, pungkasane pantog ing sagara iya iku kang dadi watesmu sisih kidul.
5 Watese sisih wetan Telaga Asin tutug ing sungapane bengawan Yarden, watese sisih lor iku wiwit ing teluk ing sungapane bengawan Yarden mau.
6 Banjur munggah tutug ing Bet-Hogla tumuli ngliwati sisih lore Bet-Araba, munggah maneh tutug ing watu Bohan, bin Ruben.