19 Atur wangsulane Ibu Akhsa: “Kula nyuwun kaparingana ganjaran; kula sampun panjenengan paringi siti ingkang cengkar, nyuwun kaparingana sumber ugi.” Banjur diparingi sumber ing tenggeran lan ing ledhokan.
20 Iki tanah pusakane taler Yehuda miturut gotrah-gotrahe.
21 Kutha-kuthane bani Yehuda kang ana ing poncot dhewe, ing sacedhake kikise tanah Edom, ing tanah Negeb, yaiku: Kabzeel, Eder, Yagur,
22 Kina, Dimona, Adada,
23 Kedesy, Hazor, Yitnan,
24 Zif, Telem, Bealot,
25 Hazor-Hadata, Keriot-Hezron, yaiku Hazor,