3 banjur mudhun mangulon menyang ing tlatahe wong Yaflet, tutug ing tlatah Bet-Horon ing lebak lan sateruse nganti tekan ing Gezer, lan anjog ing segara.
4 Iku tanah-pusaka kang ditampani bani Yusup yaiku suku Manasye lan suku Efraim.
5 Dene tlatahe bani Efraim miturut gotrahe iku mangkene: tapel-watesing tanah-pusakane iku ing sisih wetan wiwit ing Atarot-Adar tutug ing Bet-Horon ing tengger.
6 Mangulon watese iku metu ing salore Mikhmetat; tumuli nekuk mangetan menyang ing Taanat-Silo, saka ing kono terus nganti tutug ing sawetane Yanoah,
7 medhun saka ing Yanoah menyang ing Atarot lan Naharat notog ing dhaerah Yerikho lan banjur menyang ing bengawan Yarden.
8 Saka ing Tapuah wates iku banjur mangulon menyang ing kali Kana lan anjog ing sagara. Iku tanah-pusakane taler Efraim miturut gotrahe.
9 Sabanjure ana kutha-kutha kang ditetepake kanggo bani Efraim ana ing satengahe tanah-pusakane bani Manasye, kutha-kutha mau dalah desa-desane.