2 Mulane turune Manasye liyane padha oleh panduman iku miturut gotrahe, yaiku kanggo bani Abiezer, bani Helek, bani Asriel, bani Sekhem, bani Hefer, lan bani Semida; iku turune lanang Manasye putrane Sang Yusup miturut gotrah-gotrahe.
3 Dene Zelafehad trahe Hefer bin Gilead, bin Makhir, bin Manasye iku ora duwe anak lanang, nanging mung anak wadon, yaiku: Makhla, Noa, Hogla, Milka lan Tirza.
4 Iku padha marak marang ing ngarsane Imam Eleazar lan marang ing ngarsane Senapati Yusak bin Nun sarta ing ngarsane para panggedhe, ature: “Sang Yehuwah sampun dhawuh dhateng Nabi Musa supados kula sami kaparingana tanah-pusaka wonten ing satengahing sanak-sadherek kula.” Mulane anake wadon Zelafehad mau banjur padha diparingi tanah-pusaka ana ing satengahe para sadulure bapakne, condhong karo dhawuhe Sang Yehuwah.
5 Mulane taler Manasye oleh sepuluh panduman, liya saka tanah Gilead lan tanah Basan kang ana ing sabrange bengawan Yarden.
6 Amarga turune Manasye kang wadon padha melu oleh tanah-pusaka ana ing satengahe anak lanang; dene tanah Gilead wus tumiba ing turune Manasye kang lanang liyane.
7 Dadine tapel-watese tlatahe taler Manasye iku wiwit saka ing Asyer tutug ing Mikhmetat, ing sawetane Sikhem, banjur mangidul tutug ing panggonane wong ing En-Tapuah.
8 Dene tanah Tapuah iku, duweke suku Manasye, nanging kutha Tapuah dhewe kang cedhak karo tapel-watese dhaerah Manasye, iku duweke bani Efraim.