Yusak 17:9-15 JAV

9 Wates mau banjur medhun menyang ing kali Kana, ing sakidule kali iku; dene kutha-kutha ing kono iku padha melu Efraim sanadyan ana ing tengah-tengahe kutha-kuthane Manasye; watese tlatahe Manasye nuli metu ing saloring kali, anjog ing segara.

10 Kang sisih kidul melu Efraim, kang sisih lor melu Manasye, dene kang dadi watese segara; ing sisih lor tunggal wates karo Asyer, lan ing sisih wetan karo Isakhar.

11 Nanging taler Manasye iya duwe dhaerah kang ana sajroning wilayahe Isakhar lan Asyer, iya iku: Bet-Sean dalah sakehe kutha-kutha wewengkone, Yibleam dalah sakehe kutha-kutha wewengkone, wong ing Dor sakutha-kuthane, wong En-Dor sakutha-kuthane, wong ing Taanakh sakutha-kuthane, apadene wong ing Megido sakutha-kuthane, dadi tlatah tengger telu iku.

12 Nanging wong trahe Manasye padha ora kwagang ngrayud kutha-kutha iku mau, sabab wong Kanaan nekad padha manggon ana ing kono.

13 Anadene bareng wong Israel wus dadi santosa, wong Kanaan mau padha didadekake kuli nyanga karya, mung bae ora nganti ditundhung.

14 Bani Yusup banjur padha matur marang Senapati Yusak mangkene: “Punapaa dene kula kok namung panjenengan paringi saundhian saha tanah-pusaka namung pasiten, mangka kula punika bangsa ingkang kathah jiwanipun, amargi saking berkahipun Sang Yehuwah dhateng kula ngantos sapriki punika?”

15 Paring wangsulane Senapati Yusak marang para wong mau: “Manawa kowe iku bangsa kang cacahe jiwamu akeh, mangka pagunungan ing Efraim ora nyukupi kanggo kowe kabeh, becike kowe menyanga ing alas ing nagarane wong Feris lan wong Refaim, manawa pagunungan Efraim kurang amba kanggo kowe.”