11 Talere Benyamin iku katiban undhi miturut gotrahe, dene tlatahing panduman kang diundhekake iku prenahe ana ing antarane bani Yehuda lan bani Yusup.
12 Watese ing sisih lor wiwit ing bengawan Yarden, nuli munggah ing ereng-ereng gunung salore Yerikho, munggah mangulon menyang ing pagunungan lan ngener menyang ing ara-ara samun Bet-Awen.
13 Saka ing kono watese terus menyang ing Lus, mangidul, ngener ing ereng-erenging gunung ing sacedhake Lus, yaiku ing Betel; nuli watese medhun menyang ing Atarot-Adar ing pagunungan kang ana ing sakidule Bet-Horon ing lebak,
14 watese mau banjur mlengkung, nuli menggok saka ing pagunungan ing sisih kanane Bet-Horon ing sisih kidul banjur menggok ngidul ngulon anjog ing Kiryat-Baal, yaiku ing Kiryat-Yearim, kutha darbeke bani Yehuda. Iku kang sisih kulon.
15 Dene sisihe kang kidul iku wiwit ing pungkasane Kiryat-Yearim,
16 banjur mangulon, lan ngener ing sendhang Me-Neftoah. Watese iku tumuli medhun tutug ing pungkasane pagunungan kang ana ing ngarepe Lebak Ben-Hinom, ing salore lebake wong Refaim, banjur mudhun menyang Lebak Hinom, ing saurute ereng-erenging gunung Yebus, mangidul, banjur mudhun maneh menyang ing sendhang En-Rogel.
17 Tumuli nekuk mangalor ngener ing En-Semes, banjur menyang ing Gelilot, ing sisih kanane unggah-unggahan ing Adumim, nuli medhun menyang ing watu Bohan bin Ruben,