17 Tumuli nekuk mangalor ngener ing En-Semes, banjur menyang ing Gelilot, ing sisih kanane unggah-unggahan ing Adumim, nuli medhun menyang ing watu Bohan bin Ruben,
18 banjur menyang ing ereng-erenging gunung ing sisih kanane Bet-Araba mangalor, banjur medhun menyang ing Araba-Yordan.
19 Watese nuli terus metu ing ereng-erenging gunung ing sacedhake Bet-Hogla mengalor, sarta anjog ing teluke Sagara-Asin kang sisih lor, ing sungapane bengawan Yarden ing sisih kidul, iku watese kang kidul.
20 Dene bengawan Yarden iku kang dadi watese ing sisih wetan, yaiku kang dadi tanah-pusakane bani Benyamin miturut gotrahe kalawan wates-watese mubeng.
21 Mungguh kutha-kuthane taler bani Benyamin miturut gotrahe yaiku: Yerikho, Bet-Hogla, Emek-Kezis,
22 Bet-Araba, Zemaraim, Betel,
23 Haawim, Para, Ofra,