Yusak 18:3-9 JAV

3 Senapati Yusak banjur ngandika marang Banisrael: “Pira lawase anggonmu padha ngenak-enak lan ora tumandang ngejegi nagara peparinge Sang Yehuwah, Gusti Allahe leluhurmu?

4 Padha ngajokna wong telu saka saben taler, iku bakal padha dakdhawuhi siyaga arep dakutus ndlajahi nagara iku, sarta nyatheti kaanane miturut pandumane, banjur bali mrene.

5 Sawise iku tanahe kaperanga dadi pitung panduman. Taler Yehuda tetepa ana ing tlatahe kang kidul lan bani Yusup iya tetepa ana ing tlatahe kang lor.

6 Kowe padha nyathetana kaanane nagara iku dadi pitung panduman, cathetane iku banjur gawanen mrene, nuli aku bakal nguncalake undhi kanggo kowe ana ing kene ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.

7 Sabab wong Lewi padha ora oleh panduman ana ing tengahmu, amarga kalungguhane dadi imame Sang Yehuwah kang dadi pusakane sarta mungguh Gad lan Ruben apadene separone taler Manasye iku wus padha nampani tanah-pusaka ana ing sabrange bengawan Yarden ing sisih wetan, kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah.”

8 Wong mau tumuli padha tata-tata lan banjur mangkat. Lungane mau kambi nyatheti kaanane nagara iku kaya sapiwelinge Senapati Yusak, kang mangkene: “Padha mangkata, nagara iku dlajahana lan cathetana kaanane, banjur padha balia mrene nuli aku bakal nguncalake undhi kanggo kowe ana ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Silo kene.”

9 Wong-wong mau nuli padha mangkat ndlajahi nagara iku, lan nyatheti kaanane dadi pitung panduman, kutha siji lan sijine kamot ing daftar, banjur padha bali menyang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing pakemahan ing Silo.