Yusak 18:8-14 JAV

8 Wong mau tumuli padha tata-tata lan banjur mangkat. Lungane mau kambi nyatheti kaanane nagara iku kaya sapiwelinge Senapati Yusak, kang mangkene: “Padha mangkata, nagara iku dlajahana lan cathetana kaanane, banjur padha balia mrene nuli aku bakal nguncalake undhi kanggo kowe ana ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Silo kene.”

9 Wong-wong mau nuli padha mangkat ndlajahi nagara iku, lan nyatheti kaanane dadi pitung panduman, kutha siji lan sijine kamot ing daftar, banjur padha bali menyang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing pakemahan ing Silo.

10 Senapati Yusak banjur nguncalake undhi kanggo wong-wong mau ana ing Silo ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sarta tanahe didum-dum Sang Yusak kanggo Israel ana ing kono miturut pandumane dhewe-dhewe.

11 Talere Benyamin iku katiban undhi miturut gotrahe, dene tlatahing panduman kang diundhekake iku prenahe ana ing antarane bani Yehuda lan bani Yusup.

12 Watese ing sisih lor wiwit ing bengawan Yarden, nuli munggah ing ereng-ereng gunung salore Yerikho, munggah mangulon menyang ing pagunungan lan ngener menyang ing ara-ara samun Bet-Awen.

13 Saka ing kono watese terus menyang ing Lus, mangidul, ngener ing ereng-erenging gunung ing sacedhake Lus, yaiku ing Betel; nuli watese medhun menyang ing Atarot-Adar ing pagunungan kang ana ing sakidule Bet-Horon ing lebak,

14 watese mau banjur mlengkung, nuli menggok saka ing pagunungan ing sisih kanane Bet-Horon ing sisih kidul banjur menggok ngidul ngulon anjog ing Kiryat-Baal, yaiku ing Kiryat-Yearim, kutha darbeke bani Yehuda. Iku kang sisih kulon.