22 Watese nyrempet ing Tabor, ing Sahazima, lan Bet-Semes, dene watese anjog ing bengawan Yarden: gunggung kutha nembelas lan desa-desane.
23 Yaiku tanah-pusakane taler bani Isakhar miturut gotrahe, iya kutha-kutha mau karo desa-desane.
24 Undhian kang kalima iku tumiba marang taler bani Asyer miturut gotrahe.
25 Kang dadi dhaerahe yaiku: Helkat, Hali, Beten, Akhsaf,
26 Alamelekh, Amad lan Misal, sarta watese nyrempet ing gunung Karmel lan ing kali Libnat ing sisih kulon.
27 Banjur menggok ngener pletheking srengenge menyang ing Bet-Dagon; nyrempet dhaerah Zebulon lan ing lebak Yiftah-El ing sisih lor, Bet-Emek lan Nehiel, lan ngener ing Kabul ing sisih lor.
28 Banjur menyang ing Ebron, Rehob, Hamon lan Kana nganti tutug ing Sidon Gedhe.