29 Wates iku nuli mbalik menyang ing Rama lan tutug ing kutha beteng tirus, watese banjur mbalik maneh menyang Hosa, lan anjog ing segara; apadene Mahalab, Akhzib,
30 Uma, Afek lan Rehob kutha rolikur karo desa-desane.
31 Yaiku tanah-pusakane taler bani Asyer miturut gotrahe, iya kutha-kutha mau karo desa-desane.
32 Undhian kang kanem iku tumiba marang bani Naftali, yaiku marang bani Naftali miturut gotrahe.
33 Dhaerahe wiwit ing Helef, saka wit kayu elon ing Zaananim, Adami-Nekeb lan Yabneel tutug ing Lakum, sarta anjog ing bengawan Yarden.
34 Watese banjur bali mangulon menyang ing Asnot-Tabor, terus menyang ing Hukok, nyremped ing tlatahe Zebulon sisih kidul, nyremped tlatahe Asyer, ing sisih kulon sarta laladan Yehuda ing bengawan Yarden, pener pletheking srengenge.
35 Kutha-kuthane beteng yaiku: Zidim, Zer, Hamat, Rakat, Kineret.