4 Eltolad, Betul, Horma,
5 Ziklag, Bet-Hamarkabot, Hazar-Susa,
6 Bet-Lebaot lan Sarukhen, kutha telulas lan desa-desane,
7 En-Rimon, Eter, lan Asan, kutha papat lan desa-desane,
8 uga sakehing desa kang ana ing sakubenge kutha iku mau tutug ing Baalat-Beer, yaiku Rama, ing tanah kidul. Iku tanah-pusakane talere bani Simeon, miturut gotrahe.
9 Tanah-pusakane bani Simeon iku kajupuk saka pandumane bani Yehuda, amarga tanah-pusakane bani Yehuda kakehan, mulane bani Simeon padha oleh tanah-pusaka ana ing satengahe tanah-pusakane Yehuda.
10 Undhian kang katelu iku tumiba marang bani Zebulon miturut gotrahe; watesing tanah-pusakane iku tutug ing Sarid.