43 Elon, Timna, Ekron,
44 Elteke, Gibeton, Baalat,
45 Yehud, Bene-Berak, Gat-Rimon,
46 Me-Yarkon lan Rakon, karo tlatah ing sisih kanane Yafo.
47 Nanging sarehne tlatahe bani Dhan iku kerupeken, bani Dhan banjur padha nglurug perang nglawan kutha Lesem; iku nuli kabedhah, wonge padha katumpes klawan landheping pedhang, sarta nagarane tumuli diejegi lan dienggoni; kutha Lesem mau tumuli dielih arane dadi Dhan, miturut asma Dhan leluhure.
48 Iku mau tanah-pusakane talere bani Dhan miturut gotrahe, iya kutha-kutha mau karo desa-desane.
49 Sawuse wong Israel rampung anggone padha ngedum nagara iku dadi tanah-pusakane miturut dhaerah-dhaerahe, wong Israel banjur padha ngaturi tanah-pusaka marang Senapati Yusak, bin Nun ana ing satengahe.