1 Senapati Yusak bin Nun kalawan sidheman banjur ngutus wong loro saka Sitim kakarsakake nelik, pangandikane: “Kowe padha mangkata, niti-priksaa nagara iku lan kutha Yerikho.” Wong mau tumuli padha mangkat, lan teka ing omahe sawijining wong wadon tunasusila, jenenge Rakhab lan nginep ana ing kono.
2 Ratu ing Yerikho tumuli kaaturan uninga, mangkene: “Kala wau dalu wonten tiyang panunggilanipun bangsa Israel dhateng nelik negari ngriki.”
3 Ratu ing Yerikho banjur utusan menyang ing omahe Rakhab, dhawuhe: “Wong-wong kang padha nekani sira lan padha teka ing omahira iku padha ladekna mrene, amarga tekane arep nelik negara kene kabeh.”
4 Nanging wong wadon mau wus nggawa wong loro mau, kang banjur didhelikake. Ature: “Pancen wonten tiyang jaler ndhatengi kula, nanging kula boten mangertos saking pundi pinangkanipun;
5 lan sareng wancinipun gapuranipun badhe kakancing saha sampun peteng, tiyang-tiyang wau sami kesah; kula boten sumerep dhateng pundi purugipun; kula aturi ngoyak, mesthi badhe ketututan.”
6 Nanging satemene wong mau padha dikon munggah ing payon lan diumpetake ing ngisore tumpukan rami, kang didekek ing payon kono.
7 Para utusan banjur ngoyak wong mau ana ing dalan kang anjog ing bengawan Yarden, nganti tumeka ing pasabrangan, lan sawuse wong kang ngoyak padha metu, gapurane nuli kakancing.