11 iku padha dipasrahi Kiryat-Arba, yaiku Hebron, -- Arba iku leluhure suku Enak, -- ana ing pagunungan Yehuda, dalah pangonane sakubenge;
12 nanging pategalane kutha iku lan padesane iku wus dipasrahake marang Kaleb bin Yefune dadi darbeke.
13 Tedhake Imam Harun iku padha diwenehi Hebron, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah sapangonane, Libna sapangonane,
14 Yatir sapangonane, Estemoa sapangonane,
15 Holon sapangonane, Debir sapangonane,
16 Ain sapangonane, Yuta sapangonane lan Bet-Semes sapangonane: kutha sanga saka taler loro mau.
17 Saka taler Benyamin: Gibeon sapangonane, Geba sapangonane,